Sabtu, 01 Oktober 2011

SYAWALAN ING KUTO PEKALONGAN


Tradisi syawalan ing Kuto Pekalongan, Jawa  Tengah biasanipun dipangeti tanggal 7 Syawal utawi   7 dinten sa’ sampunipun Idul Fitri. Puncak acaranipun syawalan iku diisi kalian  pemotongan lopis raksasa
        Tradisi syawalan ugo sering kasebut krapyakan amargi dilaksanakake wonten Kelurahan Krapyak Lor, Pekalongan.
        Biasanipun, para warga sampun rawuh awit enjang kangge silaturahmi kalian para sedulur lan saged ngraosake dhaharan lan unjukan ingkang disediake warga.
        Rawuhipun para warga ing perayaan syawalan ugo kepingin ningali pemotongan roti lopis ukuran raksasa ingkang anggadahi abotipun 600 kg, duwuripun 150 cm, lan diameteripun 45 cm.
        Roti ingkang dadi simbol syawaln iki didamel saking beras ketan ingkang digodhog nganggenipun dandang raseksa suwene 3 dino 3 wengi.
        Ritual iki sampun wonten saking tahun 1936. Ritual iki pertama diwontenaken kalian para ulama kangge siar Agama Islam.
        Sa’sampunipun dido’akake bareng, kang dipimpin Para Ulama, roti lopis wau dadi rebutan para warga.




0 komentar:

Posting Komentar